Nyuwun sewu, sak punika pangendikan Sugeng midhangetaken!
Yu Jarwo : “Ramane?!! Kepriben kae sawahe rika? Kawit wingi ko sawahe urung di dhauti..lha kapan uli arep nandur kacang ijone ngko nek sukete isih nempel?”
Sambil membaca koran, Pak Jarwo, suami dari bu jarwo tentunya, menanggapi.
Pak Jarwo : “Ya sabar bu..kang Blewuk isih ngurus2x anake kae..wong mbeke bae mriang kae bontote lah..ya sing sabar bu..”
Yu Jarwo : “Sabar sabar!! Wong sawahe dhewek ya perlu ditambani! Ora kaya bontote si Blewuk thok! Si Blewuk tulin wis digaji nggo ndhauti saben telung wulan, rika mbok sing paling keri mbayar aring dheweke mbok? Anggere ora diurusi, kapan bisa mentase dhewek pak? Gelis kae ditilpun apa dijaki chatting-an, kan nang umahe wis ana leptop mbok?”
Pak Jarwo : “Iya bu, ya ngko lah..sante bu..”
Yu Jarwo : “Sante..sante..selak garing ko sawahe..Apa arep njaluk takpegat sampeyan??!!! Wis nganah ditiplun, ben gelis rampung ndhaute, aku arep arisan disit! Assalamu’alaykum!”
Pak Jarwo : “Iya..iya..bu..iya..siki taktilpune kae kang Blewuk nggo ngoordhinir kanca2xne kon ndhauti sawahe dhewek ya bu..kiye..lagi tak buka Yahoo Messeger-e..”
Jan..jan..bojoku..bojoku..wong jaman siki pancen beda karo jaman mbiyen apa ya? Begitu kata Pak Jarwo dalam hati,sembari jari tangannya menekan tombol PC to PC Call di Yahoo! Messenger-nya.
Pak Jarwo : “(thuliiit..thuliiit…) Halo kang Blewuk priye kabare? blah3x..blah3x..”
Kang Blewuk : “Oh iya, siap pak. Kiye mbene ngurusi bontotku, anu mriang tipes..miki mbene bae tele conference karo doktere, alhamdulillah dadi luwih murah taripe, soale ora kudu mentu aring kota.”
Pak Jarwo : “Oh..ya..ya..sip3x..ya moga2x si Kriwil gelis mari ya kang..”
Kang Blewuk : “Iya pak..amin. Kesewun banget dongane. Insya Alloh sedurunge ‘isya wis pada ok buruh2x tani liyane pak nggo kerja maning nang sawahe rika.”
Pak Jarwo : “Sip3x..wah..ternyata jos temen ya, wong2x ndesa kaya awak dhewek nek dikenalna aring teknologi inpormasi. Maca koran gari mbuka firefox, arep ngobrol ora nduwe pulsa gari chatting, nek ora sabaran ngetik ya bisa ngobrol2x kaya nganggo hape, malah jarene voiprakyat arep nganakaken tilpun2xan gratis ya? Apa maning wong kota ya? Aja2x nek arep tilpun2xan ora usah mbuka leptop utawane komputer sing gedhene se bagong kae, cukup dibeluk thok jenenge wong sing arep dijaki ngobrol, wis langsung nyambung thulit-thulit.. Mbok lho ya..”
Kang Blewuk : “Iya pak. Ya Alhamdulillah, nek menurutku sih dhewek wis bisa kaya kiye taun2x kepungkur, tapi wong parlemene padha seneng korup, dana nggo pendhidhikan padha digrogoti, senengane madon baen lah!”
Pak Jarwo : “Iya, tapi ya ora kabeh elemen pemerintahan tulin kang blewuk..sing ngurusi masalah kaya kuwe.. Isih ana mbok kaya dene bupati, gubernur, kades, lan sakpiturute..”
Kang Blewuk : “Ya, ora nana bedane, wong padha mbedhugal-mbedhugal ko.. Wis angel2x dipilih malah nang gedung dewan kerjane mung tura turu thok, dijak rembugan malah ngorok, dijaluki persetujuane nggo tambahan dana pendidikan nggo sekolah-sekolah nang ndesa malah nagih duwit rapat? Owalah..ngungkuli preman pasar!”
Pak Jarwo : “Ya aja kaya kuwe kang, ora kabeh wong nang dewan tuli kaya kuwe. Seora-orane isih ana sing pedhuli, senadyan malah ditokna sekang kursi dhewan, hehehe.. Ngomong-ngomong, siki wis meh ngasar kiye kang, gelis kae dijaki konferens karo kanca-kanca buruh tani liyane ben ngisuk wis isa mulai ndhaut. Nek kesuwen mundhak bojoku melung-melung, bisa-bisa dipegat temenanan nyong”.
Kang Blewuk : “Iya pak. Siplah. Nyong taksolt disit ya, urung solat ngasar miki. Bar kuwe terus takjaki tele conference buruh-buruh tanine kae padha, wong wis meh kabeh ko sing OL”
Source: http://blogger.kebumen.info
No comments:
Post a Comment